Friday, June 29, 2007

Guyon: Fashion Show

Sawijining dina, Mister Mo (M) lan Mbah DarX(D) guneman ono ing gubuk sawah.

M: "Siap Mbak DarX? Mangga dipun tampi pitakonan kula niki."
D: "Yoi Mister. Siap seka wingi sore."

M: "Basa Indonesianipun Fashion Show napa Mbah?"
D: "Gampang, Mister. Peragaan Busana"

M: "Sakmenika Mbah. Dipuntampi malih. Gampil."
D: "Aja banter-banter Mister. Wis tuwa, ra kuat mlayu."

M: "Loh, napa hubunganipun Mbah? Menika pitakonanipun. Basa Jawinipun Fashion Show napa Mbah?"
D: "Apa ya.. sik takcoba mikir sik."..........
D: "Waduh, angel mister. Nganu, pamer busana. Hooh ra?"

M: "Taksih klentu Mbah."
D: "Terus apa le?"

M: "Basa Jawinipun fashion show inggih menika fesen so."

Maturnuwun.

2 comments:

ted said...

fesen so ?

kuwi dudu boso mandarin po ? fe sen so ....

suBandoro said...

[sandy] Campuran Sand.:p