Cah ayu,Nyoba gawe geguritan maneh, kang temane soal ati. Nek ngelingi piye carane gawe ukara kanggo geguritan kaya kasebut, ketoke kok gampang banget gawe 'lyric' lagu. Peter pan, Kangen band, Radja ketoke kok iso disaingi.
Ra ana muspraning paesanmu
Mbok sliramu nggawe tangising atimu
Aku ngerti
Tangismu katuju kanggo kabagjanmu lan aku
Cah ayu,
Terusna tangismu
Tangising kembanging ati
Tangis kabagjan
Tangis kanggo nambah yuswamu
Bareng lawan angslupe srengenge
Cah ayu,
Aku pingin tangismu....
Kanggo cah ayu kang lagi nemahi tresnaku
@Wismul pitulikur juni rongewu pitu
Tapi durung tamtu, sik jenenge lagu kang ana ing pasaran, ditemtoake dudu mung seko bijining sak wong. Intine ono sik jenenge 'ketertarikan secara massal'. Durung temtu lyric geguritan kang menurut pribadiku, endah, dianggep endah karo liyan apik. Koyo'e ra ono itung-itungan matematis sing iso nggambarake anggak 'ketertarikan secara massal'.
FYI, nang kene dhewe ngomongake soal lagu utawa lyric. Sakjane ono kang rada pada kasuse. Soal mbiji ayuning wanita utawa bagusing priya. Ono ukara, ayuning wanita ki relatif nanging 'eleking' praupan ki mutlak.:)
2 comments:
duh, ki mas ban rajin tenang ndamel geguritan.. ngelingke marang majalah Joyoboyo :p
*dadikomentatorutamaterus:D
ga ngerti bahasa :P
Post a Comment