Misale ana soal unine: rego lombok sik mempengaruhi opo wae? Jawabanku ngene:
1. Ujude lombok, kayata warnane, wujude, ambune lan sapanunggalane. Bayangke nek sampeyan ditawani lombok warnane wis ra mbejaji, wujude ra nggenah, ambune mbreng-mbrengan, pokoke jan ra nggenah kae. Mesti diregani piro-a wae, ra bakal gelem tuku. Mbok dibayar we aku ketoke wegah.:)
2. Sik dodol. Misale sik dodol ki wanita ayu, trus nggodha2, nambahi bonus. Mesti wuah...ati rasane kaya nang suwarga. Dikon tuku ragane piro wae gelem. Tur kui nek sampeyan. Nek aku beda. Nek sik dodol mbokku dhewe, mesti taktuku larang. Ndak mengko didukani.:p. Po nek sik dodol wing sik sampeyan sengiti, ibarate dikon tuku murah wae mesti yo wegah.
3. Bea kanggo tuku. Digagas dhewe maksude opo.
4. Mekanisme pasar alias rego pasaran.
Ngono sik. Mangga dipenggalih.
Note:
1. mlebetan (masukan) saking mas sandy --> namung kangge 'rego tradisional' alias dodolan fis to fis lan wonten ujude.
Tuesday, June 26, 2007
Rego Lombok
Oleh suBandoro pukul 11:45 PM
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
4 comments:
nambahin mas ban,
5. sopo sing tuku, nak sing tuku mbok2 wis pengalaman blonjo, rego biasa. tapi nak sing tuku cah enom culun tur ketok ga mudeng, rego diundake karo sing dodol.
ngomong2 template baru mas ban, header-e koq bocah cilik ...
*lirik2 ndeleng nduwur :D
wah kabeh ora iso dilakoni yen ngono. wong tukune lewat internet. arep tuku lombok jahe, kencur opo bumbon-bumbon liyane kabek pepek.
yo ra ban ?
[trian] Yo wis ndherek. Kula manut mawon.:p. Betul mas. Opo meneh nek sik tuku thunak-thunuk kaya jalma kethek. Malah aja2 digawe gratis, wong mesaake.:)
[sandy] Kabek pepek ki basa pundi mas? Mesti basa ndeso (nganggo 'o').:p. Tur bener mas. Maklum mas, dereng ngertos internet je niki. Taksih manggen ten wit2an.
maksude ki kabeh pepek ngono loh ...
maklum ki isih ngangge simpoa .. dadi ora jelas hurupe ...
ngarang tenan ..lah ..
Post a Comment