Tuesday, June 26, 2007

Sawijining Dina

Duh cah ayu...cah angon....

Sawijining dina, aku nemu sliramu
Raup wijining pepaesan
Paes saka Hyang Akarya Jagad
Paes budining luhur

Sawijining dina, ana cah angon
Cah angon nang jiwaning paesmu
Aku krasa
Sliramu bakal angon aku

Cah ayu...cah angon...
Aku kangen paesanmu

@Wismul nemlikur sasi juni rongewu pitu
Mesti panjenengan sami wus ngerti apa sik dijenengke geguritan. Saka tembung "gurit", sik aku yo ra ngeri tegese opo. Sik cetha, nek basa indonesia-ne yo 'puisi', luwih pas-e puisi bebas. Jane aku yo bingung tegese geguritan kadhuwur kui opo. Waton njepat jan-jane.:)

1 comment:

Trian Hendro A. said...

duh mas ban, aku trenyuh, mrebes mili maca geguritan iki... mugo-mugo cepet pethuk kaliyan kembang atine.. :)