Sunday, July 01, 2007

Ajar Basa: "nggamel"


Sawijining dina, nalika Mbah DarX lagi leyeh-leyeh nang emperan omah, Mister Mo liwat karo nyekel thuthuk gong. FYI, sanajan Mbah DarX iki priyayine rada ra mutu, nanging nek soal budaya jawa, maremake.

Mbah DarX: "Arep nang ndi Mister?"
Mister Mo: "Badhe dhateng sekolahan Mbah. Wonten adicara ajar nggamel."

Mbah DarX: "Maksudmu opo kui nggamel? Lha nang sekolahan ana jaran po?"
Mister Mo: "Lho, napa hubungane Mbah? Sik badhe ajar numpak jaran nggih sinten. Mboten gaul niki Mbah DarX, ndeso. Nggamel, nuthuk gong Mbah."

Mbah DarX: "Wah, sik ndeso ki dudu aku Mister. Mister sik ndeso. Nggamel sejatine artine rak makani jaran. Gamel ki artine tukang makani jaran. Kadang mudha taruna ki sok salah kaprah. Nek nuthuk gong lan sakkancane ki luwih tepat disebut nabuh. Opa ngrawit (saka tembung rawit, karawitan).""
Mister Mo: "Oooo... Nggih to Mbah? Nembe ngertos. Mangke kula sengenane rencang-rencang. Lha kula namung mireng daking rencang-rencang je."

Maturnuwun.

3 comments:

Trian Hendro A. said...

koq wonten FYI mas band, punika ejaan ingkang boten pareng lho mas.. sumonggo dipun ganti rumiyin.

wah mas ban, niku fotonipun mbah DarX nggih??

*tetep komentator ulung :D

suBandoro said...

[trian] Injih Mas, malah kebacut nyerat FYI. Kula gantos mpun. Tur ten komentar niki kemawon.

FYI = KCP (Kepareng Caos Pirsa)

Gambaripun Mbah DarX taksih dereng wonten.

ted said...

nyambut nggamel ?