Sunday, July 01, 2007

Ajar Ngrayu *)


Sawijining dina, surup, Mbah DarX lan Mister Mo padha ajar ngrayu wanita. Mbah DarX nyontoni Mister Mo anggone ngrayu wanita. Ethok-ethoke Mister Mo dadi wanitane.

Mbah DarX: "Wanita, aku pingin ngerti tanggal lairmu, sliraku nembe bar ajar ngramal."
Mister Mo: "6 Maret 1983."

Mbah DarX: "Coba, tunggunen dhisik."

....Mbah DarX ethok-ethok matak aji, ngramal.

Mbah DarX: "Ngene cah ayu, nalika tanggal kui, sedina muput langit mendhung peteng ndhedhet, mbledhek nyamber-nyamber, udan deres kaya disok-ake saka langit. "
Mister Mo: "Mboten mungkin, jaman semanten dereng jamane Badan Meteorologi lan Geofisika. Dereng wonten catetane."

Mbah DarX: "Aja maido dhisik cah ayu. Sliramu ngerti sebabe opo?"
Mister Mo: "Mboten"

Mbah DarX: "Nalika iku, para warga langit, warga suwarga nangis kabeh. Amarga siji-sijining widadari sik ana ing suwarga lagi mudhun nang jagad. Mudhun kanthi wujud jabang bayi, ya iku sliramu. Padha nangis nganti udan kaya grojogan. Padha mbengok-mbengok kanthi ujud bledhek nyamber-nyamber. Padha pucet nganti mendhunge ireng ndhedhet. Tur saiki langit resik, padhang njingglang, mbulan ra ana cacate, para warga suwarga padha mesam-mesem, seneng, bungah atine. Merga widadari mau wus nemu jalma manungsa kang bakal dadi kanca uripe. Ya sliraku iki cah ayu..."

Mister Mo tepuk tangan....

* kajumput saka nonton adicara tivi korea
** foto kajupuk kala penulis hunting ana ing pulo pramuka, kepulauan seribu

4 comments:

raizamn said...

Soal boso, pasti bingung. Tapi soal footnote sangat menarik. Foto diambil saat hunting. Buset dah, dengan kamera profesional, hasilnya pun profesional(!) Jadi iri...
(iri tanda tak mampu)

Trian Hendro A. said...

wah.. rayuan gombal!! :p

Anonymous said...

wah gombal tenanan kang bandoro, ning yo kok apik uga :P
ngati-ati kang kandoro, fotone mengko dadi masalah nek konangan komnas perlindungan anak, isa kena kasus child abuse, hehehe

nuwun

Anonymous said...

Wah.. kulakan dangyunhaji..
Ramutu blas..