Srengenge durung patio angslup nalikaning Mbah DarX thunuk-thunuk mlaku-mlaku turut galengan kali kang nyigar desa mBuyutan.
"Wah jebule penak sore-sore, nunggu buka karo JJS (jalan-jalan sepi)", grenengane Mbah DarX dhewekan. Sore kui pancen sepi, bocah2 cilik padha ngaji nang mesjid, biasa diarani 'nang ta'jilan'. Ujug-ujug ana suara, '.......tulit...tulit...brut...', Mbah DarX kaget karo ngrogoh sak klambi ngarep.
"Walah... ono SMS kok nganti ngaget2i wong tuwo".
[17:02] Mbah, lagi tindak ngendi? Ayo thenguk-thenguk....mumpung dereng buka. (isi surasane SMS seko nomer 08132877xxxx) .
[17:04] Iki sopo yo? Simbah lagi jalan-jalan sante ki. Le thenguk-thenguk nang ndi? (balesane Mbah DarX, gandheng wis tuwa le ngetik rada suwe)
[17:05] Wah, durhaka ki simbah. Niki Mister Mo, Mbah. Nomere disimpen nggih... Kula tengga ten buk protelone Lik Yoso nggih... (balesan kang jebule seka Mister Mo)
"Oalah....jebule bocah ngeyel kae. Lha rak buk-e Lik Yoso ki ngarep kae to yo. Lha kae apa, ana bicah thenguk nang ndhuwur buk, sarungan luthuk... ", Mbah DarX rerasan nang ati karo ibut ngepetake laku marani bocah sik uga sahabate kenthel.
"Oooiii.. Mbah, jebule njenengan sampun ten celak riki, lha nek ngertos ngaten rak kula bengoki mawon. Lha niki SMS ndadak mbayar je. Telu seket melih... SMS ping gangsal rak saged ngge tumbas maeman", ujare Mister X mbasan Mbah DarX wis katon cedhak.
Karo menggeh-menggeh Mbah DarX nyauti. "Lha kowe nggaya kok le, mbasan jaman modern, sithik-sithik nganggo HP. Rak saake simbokmu, le tuku pulsa."
"Sori Mbah...jaman sakniki rak benten lih jamane njenengan riyin, jaman kumpeni..Huuaaa...huuuaa... Tur niki sekaliyan ngreyen HP, Mbah. Wingi angsal rejeki, disangoni simbok", pambelane Mister Mo.
"Woo...bocah gemblung, disangoni nggo sekolah je malah nggo tuku barang kono-an. Ra ilok mengko."
"Lho.. ampun ngaten Mbah, kula niki rak nggih mikir. Jaman sakniki niku teknologi kados ngaten saged ngge usaha. Nek ten desane dhewe ngeten dereng pati krasa, lha nek kula pas sekolah... Napa-napa kedah komunikasi. Sukur-sukur saged ngge usaha."
"Tur ngene le.... aku ki gumun lho. Barang cilik ngene we iso ngganti fungsine surat. Luwih cepet luwih murah. Kaya pas dhewe SMS mau. Lha rak rada ra masuk akal. 10 tahun kepungkur nek dhewe arep ngabari sanak kadang sik adoh, pingin cepet rak kudu nggo telegram. Kui we kalah cepet adoh karo SMS. Luwih larang meneh. Kok iso ngono yo le...?", pitakonane Mbah DarX.
"Lha, kepeneran niki Mbah. Kula bar sinau soal SMS sakderenge tumbas HP wingi siang. Kula terangaken, Mbah. Tur nggih mboten pati detil, lha nembe bar sinau mawon je. Mengke nek wonten pertanyaan, kula tampung sik."
Mister Mo nglanjutake rembug..... (disambung di postingan yang lain)
Thursday, October 04, 2007
Suband: Guyon SMS
Oleh suBandoro pukul 9:14 PM
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
2 comments:
Seneng rasane nemu Blog-e mas Bandoro sik isine nguri-uri kabudayan jawi. Pas banget ki, lagi ajar Berbahasa Jawa kanti apik lan bener.
Piye kapan critane diterusne? Pituture apik... wes pokoke seneng aku :) wis tak lebokake Bukmark.
Sugeng tetepangan mawon Mas Adhi.
Mbok bilih sanes wekdal saged pinanggih lan ngapunten niki malah radi dangu anggenipun nyerat balesan. Sampun radi kesupen kaliyan dunia blog. He2.
- suband
Post a Comment