Tuesday, January 01, 2008

Jawa, Dudu Pulo Jawa

Kabudayan hamung pilihan.

Ngelingi mangsa-mangsa 15 tahun kepungkur, ati sok nganti mbrebes mili. Kemis awan, nek ra kleru ngeling-eling, menawa ana swara mobil-e Bapak (utawa motor, menawa Bapak tindak nitih sepeda motor), langsung methuk nang kandang mobil/motor. Njupuk majalah, majalah kalawarti mingguan Jaka Lodhang. Majalah saka kantor kalurahan. Majalah kang kabeh isine nggunaake basa jawa. Basa jawa tulisan, dudu basa jawa guneman.

Lan sakbanjure, lungguh nang kamar tamu, ngrasakke kapuasan nyilem nang artikel-artikel basa jawa, nganti tatas pirang-pirang bagian kasenengan. Cergam (cerita gambar), Cerkak (cerita cekak), Cerbung (cerita sambung), Oh Lelakon, Lelucon, Kedadeyanku, Cerita Wayang lan pirang-pirang maneh bab/bagian sik wis ora eling. Yo, wis ra eling.

Kedadeyan kaya mangkono wis ra kelakon maneh sakwise krisis moneter, nalikaning kantor kelurahan (lan Bapak) nyetop langganan. Mung paling sesasi pisan, golek nang wong bakul majalah, kuwi wae ora mesthi ono. Gumantung nasib. Opomeneh sakwise ngangsu kawruh menyang kutha seje, blas ra ndemok ambu majalah basa jawa. Paling pas ana ing tahun-tahun pungkasan ngangsu kawruh, sakwise gabung karo unit kesenian jawa, majalah sakjenise (Penyebar Semangat) katemon maneh. Isine wis beda, wis ora kaya dhisik.

Kabudayan kabentuk saka tindak-tanduke manungsa saben dinane. Basa iku bagian kang paling penting saka kabudayan. Basa bisa kalastareake kanthi wutuh liwat tulisan, ora mung guneman. Menawa tulisan wus ilang mbaka sethitik, ana ing jaman mengkone, kabudayan isa muksa, alias ilang tanpa tilas. Basa tulisan beda rasane karo basa guneman. Unggah-ungguhe beda.

Saiki, Mbah DarX wus ra ngerti maneh nasibe majalah Jaka Lodhang. Menawa isih ana, "haqul yakin", isine wus ra kaya jaman 15 tahun kepungkur. Ngelus dhadha, ndaheba endahe yen, isih ana seratan, tulisan, majalah kang kondhang ana ing jaman modern kaya ngene, migunake basa jawa.

Sedhela maneh basa jawa kang wutuh, muksa wal ilang tanpa tilas. Mesthi kedadeyan. Ilang saka atining wong jawa. Sing ana mung Jawa Ka-Te-Pe, dudu Jawa Ka-Te-Je (Kartu Tanda Jiwa). Menawa sampeyan ngaku wong jawa, mesthi bakal ngerti apa kang kudu katindaake. Kabudayan mungkin ora luwih penting saka nggolek sandhang pangan. Nanging tanpa kabudayan, ati manungsa ora bakal krasa dadi manungsa. Kabudayan hamung pilihan, dudu kuwajiban.

Matur nuwun.

4 comments:

eni.rahmayanti said...

walah, Jaka Lodhang. Hikhik, dadi kangen 'Pakku.. Band, tanggung jawab!

Anonymous said...

brandon ndeso..

Anonymous said...

Mas Ban,
Djoko Lodhang masih terbit lho.. kalaupun butuh majalah jawa lain, bisa coba penyebar semangat. Kalo ini mbahku masih langganan. Cuman terakhir moco, isine malah gosip artis tapi boso jowo.. He3x.. Hopo tumon?

RAMADHAN BARAKAH said...

mas bandoro ..omah e njenengan kiy dhidik sing penggir kali kidul puluhan kuwi to yo ...?